Selasa, 31 Januari 2023

SESORAH (PIRANTI PASINAON SISWA KELAS 9 SMP SEMESTER GENEP)

MATERI SESORAH KELAS IX

09

JAN

SESORAH


Sesorah (pidato) yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah uga diarani Medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan.


Urut-urutane sesorah:


1. Salam Pambuka


Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakormatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.


2. Pamuji


Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung.


3. Isi/wigatining sesorah


Ngaturake apa ancas/tujuane sesorah. Tuladha adicara pepisahan siswa kelas IX, pengetan dina Kartini, ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial


4. Pangarep-arep


Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane(cita-cita) bisa kaleksanan. Tuladha: sing lulus sekolah bisa oleh gawean, sing ulang taun (ambal warsa) bisa lancar sekolahe, sing dadi manten bisa tentrem anggone mbangun bale wisma, ceramah apa kang diandharake/diterangke migunani marang para tamu/rawuh


5. Panutup


Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone sesorah/pidato ana kaluputan ing bab basa lan tindak tanduk.


Sesorah ditutup kanthi Salam utawa nuwun/matur nuwun.


TULADHA-TULADHA SESORAH


1. Tuladha sesorah ambal warsa (ulang tahun SMP)


Assalamu’alaikum Wr. Wb


Nuwun,


Ingkang kinabekten Bapak Pangarsa SMPN 25 Semarang,


Ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu Guru,


Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Karyawan,


Para kadang wredha mudha siswa SMPN 25 Semarang ingkang kula tresnani.


Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing sambekala


Salajengipun, kula ingkang pinangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan saged damel regenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken agunging panuwun boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih kaleksanananipun sedya pengetan ambal warsa SMPN 25 Semarang ingkang kaping -60 ing kalenggahan siyang punika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu Guru sumarambah Para Karyawan ingkang kepareng paring iguh pratikel murih pratitising adicara punika. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para kadang wredha mudha siswa SMPN 25 Semarang, ingkang asung sabiyantu ngantos adicara punika saged kaleksanan kanthi gancar.


Para Bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Bilih wigatosing gati , panjenengan kasuwun rawuh ing pahargayan ambal warsa SMPN 25 Semarang kaping-60 punika kanthi ancas, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ngandelaken tekad majengangaken panggula wenthah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.


Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMPN 25 Semarang dalah pameran, bazaar, tuwin pentas seni, badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Kepala sekolah . mugi-mugi kanthi wedharan samangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh labetipun para sesepuh tuwin alumni SMPN 25 Semarang rikala semanten sanyata awrat. Ingkang tundhonipun saged nglajengaken semangatipun, pangurbananipun miwah ngukir prestasi ing tataran nasional punapa dene internasional. Awit saking punika, kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak kepala sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa SMPN 25 Semarang ingkang kaping-60 kalajengaken hambuka adicara pameran, bazaar, dalah pentas seni.


Ing wasana, sugeng mriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara punika kirang mranani penggalih panjenengan, panitya nyuwun agunging pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tatakrama tuwin paramasastra.


Nuwun. Wassalammu’alaikum wr.wb.


Matur nuwun.


2. Pasrah calon pinanganten kakung


Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Panjenenganipun Bapak/Ibu Sena Nugroho ingkang satuhu dhahat kinurmatan.


Kula pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito wingking saking Toyan ,Wates , Kulon Progo


Ingkang sepisan:


Panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito saha para pinisepuh miwah sesepuh ing Toyan Wates Kulon Progo ngaturaken salam taklim katur panjenenganipun Bapak/Ibu Sena Nugroho miwah para pinisepuh lan sesepuh wonten ing tlatah Gunung Ketur, Pakualaman Ngayogyakarta mriki kanthi atur : Assalamu’alaikum Wr.Wb. Saha kinanthenan pepuji mugi-mugi baraya ageng Bapak/Ibu Seno Nugraha dalah warga bebrayan ing mriki tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran, suka rahayu ingkang pinanggih.


Kaping kalihipun:


Kula ingkang tinanggenah masrahaken calon penganten kakung nama bagus Permadi atmajanipun Bapak/Ibu Hadi Sugito kanthi panyuwunan mugi keparenga kadhaupaken kaliyan pun rara Wara Subadra putrinipun Bp/Ibu Seno Nugroho.


Kaping tiganipun :


Saderengipun calon penganten kakung kula pasrahaken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-puji pudyastuti ing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi mugi-mugi upacara ijab qobul miwah pahargyan wiwahan ingkang badhe katindakaken sageda kalampahan kanthi wilujeng kalis ing sambekala.


Ing samangke calon penganten kakung kula pasrahaken ing panjenengan Ingkang punika , mbokbilih samudayanipun ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab qobul sampun satata, keparengan ijabing calon pinanganten enggal katindakna.


Wasana kula ingkang tinanggenah masrahaken putra calon panganten kakung bok bilih wonten kuciwaning atur miwah kiranging suba sita, nyuwun sih lumunturing samodra pangaksami, Nuwun.


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


3. Tuladha sesorah Sripah


Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Inna Lillahi wa inna illaihi rooji’un 3X


Panjenenganipun Baraya ageng Bapak. Budi Santosa ingkang katemben nandhang dhuhkita ingkang dhahat kinurmatan.


Panjenenganipun para ta’jizah kakung putri ingkang dhahat kinurmatan.


Langkung rumiyin sumangga sesarengan boten kendhat ngaturaken puji syukur konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun kepareng paring karohmatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya awujud gumelaring kabagaswaran satemah saged kempal manunggal ing dalem duhkita mriki saperlu caos pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa. Ingkang salajengipun keparenga kula matur minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana mriki


Ingkang sepisan:


Warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana ngaturaken ndherek bela sungkawa, awit sedanipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa.


Kita warganing bebrayan nglenggana punapa ingkang panjenengan raosaken, punapa ingkang panjenengan sandhang, kita rerencang ngindhit sungkawa panjenengan mugi andayanana saged ngenthengaken raosing panalangsa lan dhuhkita.


Kaping kalih:


m Warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana sami anekseni, bilih nalika sugengipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa sae tumindakipun dhateng bebrayan, mungkul ing panembah lan ngibadah, boten nate damel sakserik dhateng sesami.


Mila paseksen punika mugi kapriksanana ing Pangeran, satemah kepareng paring kanugrahan dhateng alusipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa.


Kaping tiga:


Warganing bebrayan ndherek memuji lan ndedonga, mugi-mugi Gusti Allah SWT, paring pangapunten sadaya dosanipun, paring ganjaran sedaya ngamal kasaenanipun, dipun paringana panggenan ingkang prayogi lan mugi kalebet seda ingkang khusnul khotimah. Amin.


Dene kulawarga ingkang tinilar mugi kaparingana manah ekhlas, sabar lan pasrah, lila nampi panduming Gusti Ingkang Maha Agung.


Cekap semanten atur kula minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana, wonten kirang trapsilaning atur kula, kula nyuwun pangapunten.


Bilahit taufiq wal hidayah.Wassalamu’alaikum wr.wb.


Matur nuwun.


4. Atur panampi calon panganten kakung


Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito dalah rombongan calon besan saking Toyan Wates Kulon Progo ingkang dhahat kinurmatan.


Kula ingkang tinanggenah pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak Seno Nugroho kekalih:


Ingkang sepisan :


Ngaturaken pambagya rahayu wilujeng sarawuh panjenengan sedaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki ngiringaken calon penganten kakung saking Toyan Wates Kulon Progo dumugi ing wismanipun Bapak Seno Nugroho mriki.


Ingkang kaping kalih :


Menggah kasugengan saha salam taklimipun Bapak Hadi Sugito sarimbit sampun kula tampi kanthi atur: Wangalaikum salam Wr. Wb.


Ingkang kaping tiganipun:


Bilih pasrah panjenengan calon panganten kakung pun Bagus Permadi kula tampi kanthi suka pirenaning penggalih, lan samangke sasampunipun dumugi ing titi wancinipun miwah samudayanipun sampun satata ing gati badhe kula ijab qobulaken miwah kawiwaha kaliyan anak kula pun Rara Wara Subadra.


Ingkang kaping sekawanipun:


Kula sadaya nyuwun tambahing donga pangestu para tamu sadaya mugi-mugi ijab miwah pawiwahaning putra pinanganten sarimbit tansaha manggih rahayu wilujeng lulus kalis nir ing sambekala.


Wasana hambokbilih wonten kiranging trapsila, buja krama miwah cewet, kuciwa lan lacuting atur anggen kula nampi rawuh panjenengan sedaya, mugi diagung ing pangaksama.


Wassalamu’alaikum, Wr. Wb.


4. Tuladha sesorah pengetan hardiknas

Sugeng Enjing,

            Bapak Kepala Sekolah Ingkang Kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula bekteni, Para Karyawan Karyawati ingkang kinurmatan, lan Para kanca ingkang kula tresnani. Sumangga kita sesarengan ngaturaken syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwasa ingkang sampun paring rahmat, taufik sarta hidayah saengga kita saged pinanggihan wonten ngriki kanthi sehat lan tanpa alangan satunggal punapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan,

            Ing wekdal punika kula badhe medharaken bab pengetan Hardiknas. Pengetan dinten ageng punika kita sedaya saged mirsani bilih bangsa kita inggih bangsa indonesia taksih kathah kirangipun menewi dipunbandingaken laiyan bangsa sanes. Kita minangka warga Indonesia ingkang "terpelajar" kedah saged ngrekadaya kangge mejangaken bangsa indonesia.

Para rawuh ingkang mangayu bagya,

            Kita sedaya tamtu taksih emut nalika jaman penjajahan mengsahipun bangsa kita inggih punika para penjajah. Para pahlawan berjuang nglawan penjajah kangge kamardikan bangsa nanging sapunika kita kedah nglawan "kebodohan", narkoba, pornografi lan sapanunggalipun, ingkang saged ngrusak moral generasi mudha lan saged mbebayan tumrap kamajengan pendhidhikan. Kados pundi caranipun supados  kebodohan saget ical saking bangsa indonesia punika? Tamtu kemawon mboten namung kita nanging pamarentah ugi kedah cawe-cawe supados aslinipun langkung sae. Kanthi cara punapa?

            Pamarentah sampun nyanangaken wajib belajar 12 tahun, Pamarentah ngedegaken sekolah sekolah wiwit TK ngantos Perguruan tinggi, pamarentah maringi bantuan sekolah ugi beasiswa dhumateng para siswa ingkang kacingkrangan nanging nggadhadi prestasi.

Sedherek sedherek ingkang kinurmatan,

            Kita sedaya kedah ngregani jasa jasanipun para pahlawan. Ananging boten namung ziarah wonten pasaraenipun utawi upacara mangeti dintin ageng nasional kemawon, nanging saged kanthi cara: kita minangka pelajar kedah sinau ingkang sregep, saget ngginakake wekdal kanthi sae kangge nambah kawruh, ningkataken iman lan taqwa, merangi narkoba, pornografi lan sapanunglipun ingkang saged ngrusak moral kita.

            Menawi kita sareng sareng merangi kebodohan, mugi mugi para generasi mudha saget nglajengakan perjuanganipun para pahlawan lumantar ilmu ingkang migunani kangge bangsa lan Negara. Sumangga kita buktenaen menawi generasi mudha negara indonesia punika generasi mudha indkang cerdas, tangkas, saha nggadhadi budi pekerti luhur.

Para rawuh ingkang kinurmatan,

            Cekap semanten atur kula. Menawi wonten atur kula ingkang kirang nuju prana ugi tindak tanduk ingkan kirang suba kula nyuwun gunging pangaksami. Matur nuwun.         

Sugeng Enjing.


5. Tuladha sesorah PerpisahanKelas9

Assalamu'alaikum wr. wb

 

Ingkang kinurmatan Bapak Pangarsa SMPN 25 Semarang ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 saha adik kelas ingkang kula tresnani.

 

Monggo kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kita sedaya dumugi sakmenika kita sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Kula, sesulih/wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula lan sak konca-konca dhateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

 

Mboten keraos kula lan rencang sebrayat sampun nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kula kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang hambok blihbgadhah kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kersa paring  pangapunten sedaya kelepatan kula lan rencang - rencang.

 

Satuhunipun kula lan sak kanca awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedaya sampun kados slaherek lan kaluwarga. Namung amargi kula lan rencang - rencang kedah nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, kula lan rencang - rencang kedah saged nampi kasunyatan menika kanthi ikhlas.

Ingkang pungkasan mboten supe, dhateng sedaya adik kelas ugi paring desunga.. mugi-mugi sedaya tansah greget anggenipun sinau, mituhu dhumateng sedaya dhawuhipun Bapak/Ibu Guru.  Mugi-mugi kasembadan sedaya gegayuhanipun. Aamiin.

 

Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur. Bilih menawi wonten kalepatan kula nyuwun agenging pangapunten.

 

Wasslamu'alaikum wr. wb    

=========================

Tuladha isi (topik) sesorah:


1. Syukuran nalika dadi siswa berprestasi


2. Tanggap warsa (ulang tahun) sekolah minangka wakil siswa


3. Mangayubagya kanca kang kapilih dadi pengurus OSIS


4. Syukuran lulus sekolah


5. Ketua panitia ing pentas seni pengetan dina Kamardikan.


6. Syukuran bisa oleh pagaweyan.


7. Pengetan dina Kartini


8. Pengetan dina Pahlawan


9. Supitan/Khitanan


10. Ngresmekake gedung

 

Sabtu, 24 Desember 2022

Kawruh Tembang Macapat

Kasusastran Jawa arupa tembang macapat pancen wis misuwur ing laladan tanah Jawa. Tembang macapat iku mau padatan cacahe ana 11 iji.

Minggu, 15 Maret 2020

Pemilu Presiden 2019

Kilas balik Pemilu Presiden 2019. Alhamdulillah... Pesta demokrasi rakyat Indonesia terbesar sudah berlalu. Kini saatnya Indonesia membuka halaman baru. Pasangan Calon Presiden dan Wakil Presiden terpilih sudah ditetapkan oleh penyelenggara Pemilu. KPU memutuskan pasangan Jokowi-Makruf terpilih sebagai Presiden dan Wakil Presiden yang baru. Selamat bekerja!

Ini Hobiku

Setiap makhluk ciptaan Tuhan, tentu memiliki kesempurnaan tersendiri. Diantara makhluk Tuhan yang tercipta paling sempurna yaitu manusia. Dengan keunikan dan ciri alamiah yang melekat pada diri manusia, tentunya menjadi sebuah keuntungan tersendiri yang patut disyukuri oleh semua insan. Salah satu diantaranya yaitu bakat dan minat seseorang.

Keberagaman Agama di Indonesia

Indonesia dikenal sebagai negara yang majemuk. Hal ini bisa dilihat dari keberagaman yang ada. Banyaknya suku bangsa, bahasa, dan adat istiadat di dalamnya tidak menutup mata akan adanya beraneka macam agama yang dianut para penduduknya.

Roudlotus Menjawab Covid 19

Terhitung sejak tanggal 16-19 Maret 2020, Rosa mengumumkan kebijakan libur Corona

Jumat, 13 Maret 2020

Sejarah baru pertahan laut Indonesia

Indonesia tercatat sebagai salah satu negara maritim yang terbesar di dunia

Sastra lisan yang terlupakan

Ing sawijing dina..

Peduli Corona

Indonesia waspada Corona, tagline pemberitaan yang sangat mengerikan bagi sebagaian warga yang awam akan masalah medis.

SPONSOR